Sabtu, 18 Januari 2025 18.58
Ibarate artis sandal Kaji Kodri wis dadi sandal kondang kawentar.Meh kabeh jamaah masjid Al
Ikhlas pan pisan sandale kaji Kodri .Ora mung pan bentuke sing awet, tur jan
mung siji-siji ne sandal sing modele kaya sandale kaji Kodri , uga meh kabeh
jamangah wis pan nang ngendi sandale pak
kaji kaya mobil parkir, wis ana
panggonan sing tetep.Wis pirang-pirang taun sandale kajine nang undak-undakan
mesjid sisih kidul, delah nang pojok.Ora nana sing ngerti kenangapa pak kaji nduwe kebiasaan ndelah sandale nang
kono.Tapi sing mesti, jamangah mesjid
wis apal, bisa ngerti ana Kyai Kodri nang mesjid, nek ana sandal kuwe.Pirang-pirang
taun Pak Kaji markir sandal nang
panggonan sing tetep.Awit Bu Hajjah Nurjanah
esih sehat, nganti gerah lan seda
nganti wis sepuluh taun luwih sandal kuwe diagem pak kaji.Bentuke kaya
prau,warna coklat bahan kulit sing maen.Tapi merga kenang banyu ping kopang
kaping ,kulite wis ora mengkilap senajan Duryat , sing ngrumati umah lan
ngladeni pak kaji wiwit metu sekang esantren , agi Bu Nurjanah durung seda, saben ndina ngisik sandal
kesayangan pak kaji.
Crita sedane bu kaji sing
lagi jaman esih sugeng perek pol karo tangga, karo jamangah mesjid ,uga
karo wong-wong sing wis tau sowan nang
ndaleme bu kaji.Tresnane karo pak kaji sing marakna pak kaji kayong keyungyun
lagi bu kaji seda merga gerah sing kelebu ora suwe.Miturut kabar sing santer,
sedane bu kaji anu jalaran sekang penanganan rumah sakit sing kurang apik.Kiye
sing maraih pak kaji uga gerah penggalih.Nganti wektu semono pak kaji bola bali
tindak maring dinas kesehatan kanggo ngewei
ngerti nek rumah sakit kuwe ora apik gole nglayani masyarakat.Malah ana
wakil rakyat sing gagah pisan melu ngurusna perkara mal praktek rumah sakit
sing marakna bu kaji seda.Ning pak kaji ora nerusna mergane wedi nek tumindake
dadi nglawan kersane Gusti Allah.
Bali crita sandal Pak Kaji
Kodri sing meh ora tau ucul sekang
samparane pak kaji ,kuwe istimewa banget.
Miturut Duryat arep tindak ngendi bae, wong Duryat sing
terus nderekna pak Kaji, sandal kuwe ya ora
tau detinggal, kudu ana nang mobil kaji Kodri utawa nang tas nek pak
kaji tindak ora ngagem sandal kuwe.Ning kiye miturut Duryat sing nderekna pak
kaji tindak ngendi bae, sandal kuwe pancen ora tau ora diagem.Wis kopang
kaping Duryat kudu nggawa sandal kuwe
maring Darikin tukang sol sepatu, pendekan memper perawatan rai ibu-ibu sing onggal wulan digawa salon.
Wengi kuwe jamangah masjid
tikel telu karo dina biasa.Wis seminggu mlebu puasa ramadhan mesjid wis biasa
dadi penuh wong sing ngibadah.Kaji Kodri wis lenggah nang mesjid sedurunge buka puasa
sandale wis ana nang
undak-undakan sisih kidul mesjid nang pojok kaya biasa.Mesjid uga nganakna buka
puasa sekang Kaji Jalal donatur mesjid sing pancen ora tau mandeg gole ngamal
makani wong sing pada puasa.Pak Kaji paring kultum sedurunge buka, mulane gole
rawuh ya lewih ndisit tinimbang jamangah liya.Nek   pak kaji tindakan luar kota, wis ana takmir mesjid sing
bisa ngganteni , senajan kharismane esih kalah karo kaji sing dikenal
anteng tur apa anane.Apamaning bar pak kaji sing seneng
nulis nerbitaken buku sing judule TEMBANG KEMBANG KANTIL, pak kaji dadi
terkenal lan sering diundang seminar.Buku sing diserat pak kaji nyritakna bab wong wadon nang ndesa sing lunga maring
kota ngalap ilmu nang penguripan kota .Piurang-pirang tau bocah wadon sing
uripe nang pesantren, nduwe kekarep arep merangi kahanan bocah-bocah kota sing
adoh karo masjid tur wis luntur budaya.Nanging abot sanggane, ora sederehana
kaya apa sing dipikirna .Deweke malah
terus diburu wong-wong sing kepengin manfaatna ilmu agama lan ayune bocah wadon mau.Bukune Pak Kaji
Kodri dadi terkenal merga akeh isi sing ana gandeng cenenge karo bab
kebudayaan, kahanan desa lan pesantren sing di critakna kaji sing nduweni ilmu
agama temenan kuwe akeh sing seneng maca.Agi buku kuwe metu, koran-koran pada
mbahas bab buku sing ampuh seka isi lan ceritane.Kaji Kodri dadi penulis
religious sing bener-bener ngarepaken surasane pedesan lan pesantren, dudu
cerita murahan bab bocah nakal utawa bab
sing ora wigati karo sandangan kajine.Kaji Kodri ngerti temenan bab kabudayan
daerahe sing ditulis nganggo bungkusan agama.Mula koran-koran nulis nek Kaji Kodri bisa diarani budayawan.Sebab
ora saben seniman,penulis utawa pengarang bisa diarani budayawan.Kiye anggepan
sing salah kaprah nang babakaan seni budaya.
Bubar sholat jamangah maghrib, kaya laron mak
brung jamangah metu seka mesjid, saking akehe sandal ketendang-tendang lan para
jamangah kudu pada rebutan mergane ana sing panggonane sandal owah.Mbasa
jamangah wis madan sepi senajan esih ana sing ora pada bali nunggu sholat Isya,
pak kaji jengkar bar sholat sunnah, terus salaman karo jamangah sing esih nang
mesjid,banjur metu seka mesjid.kaya biasane pak kaji arep kondur sawetara terus rawuh maning maring
mesjid.
Kaya biasane pak kaji terus tumuju maring sandale , tapi mbasa ngingleng2
suwe kayong sandale ora keton nang panggonane.Ora suwe Duryat ngetutna nang mburine melu ngingleng sandale
pak kaji.
“La..sing sandale bapak
teng pundi nggih”ujare Duryat takon
“Ee...iya ora keton Yat ..jajal mbok kesampar ngisor”ujar pak
kaji.
Suwe gole nggoleti nganti
jamangah sing esih ana melu nggoleti sandal sing disenengi pak kaji ora nemu-nemu.
Pasuryane pak kaji wis keton mulai ora beger, karo istighfar pak
kaji lenggah nang undak-undakan.
“Yat ,wis ora usah
digoleti, nek ana tuli nang nggone” ujare pak Kaji
Tapi mung Duryat sing mandeg nggoleti sandal, liyane mripate
esih tumungkul senajan pancen wis ora nana sandal kejaba sandal coklat sing
beda.Duryat giri-giri mlayu maring
daleme pak kaji sing adoeh ora ngante 50
meter esih keton kang mejid, njikut sandal liyane sing ora tau diagem pak kaji
Sandal wis disogkaken nang
ambal-ambalan, tapi pak kaji durung
jengkar..esih kaya kami tenggngen karo keton lagi istighfar.
Duryat , jamangah, sing
pada nyeksekaken pak kaji kayong ngungun pisan sandale ilang, kayong
bingung,pada meneng karo ndeleng pasuryane pak kaji sing keton mendung.Pak Kaji Kodri kayong ora mireng apa-apa sing pada diomong
bab sandal sing ilang.Ana sing ngomong ketuker, ana sing takon Duryat apa bener pak kaji ngagem sandal biasane,ana
sing sumpah-sumpah mbok ana sing nyolong sandal.
Duryat melu sedih ndeleng kahanane pak kaji sing rengu banget nemoni sandale ilang.sandal sing kayong
ora tau ucul kang samparane pak
kaji.Duryat ngerti nek nang penggalieh
pak kaji dudu bab sandale sing ilang,
sing pancen sepele banget,mergane arep tuku sandal piraha pak kaji bisa.
Turan esih ana sandal liyane sing sok dipundutaken jenate
ibune utawa nang putrane sing siki wis pada mentas dadi wong pinter-pinter.Ana
bab sing luwih penting nang perkara sandale kanggone pak Kaji Kodri..Mulane
ilange sandal kuwe kayong krasa pisan nang penggalih.Tumprape wong liya, dadi
tambah nggo pertakonan.Nganah ngeneh crita sandale pak kaji
Sing luwih anget maning, pak kaji malah dadi gerah ,lan kudu dirawat nang rumah
sakit.Putra-putrane ya pada rawuh mbasan dokter Mursid mriksa kondisi pak kaji sing tambah nemen.
Para jamangah pada kumpul , mbahas kondisi pak kaji karo kepriwe carane nemokna sandale sing
ditresnani.Niate ben atine pak kaji bali
maning seneng.
Meh kabeh jemangah lan tangga teparo kelangan mergane
pirang ndina pak kaji ora rawuh nang mestid, ora keton lenggah nang teras
daleme.Pada kemutan pak kaji sing sokan ngadem-ademi , sing sokan nglucu gawe
bungah liyan.Pasuryane adem, gawe adem wong sing cedek karo pak aji sing lembah
manah tur bisa nrima crita sapa bae sing pengin ngudarasa karo pak kaji.Ikmu
agamane sederhana ora ndakik-ndakik, kuwe sing maraih jamangah pada betah nek
ngrungokna ular-ulare pak kaji.Pak kaji ora tau gelem diarani ceramah utawa
khotbah, apamaning diundang nagggo paraban Pak Kyai. Miturute pak kaji Kodri, deweke urung cukup
ilmu nggo diundang kyai, senajan gemiyen cilikane tekan gede ya mondok.Pirang-pirang wong sing
seneng diundang kyai utawa pak ustad wektu siki.Madan ngerti ilmu agama setitik
wis ana rasa kepengin diundang ustad.Ning ora kaya kue tumrape Pak Kaji Kodri.
“Tapi kiye ya mung usaha pak, wong geraeh pak kaji kuwe urusane karo
awak.Jere tensi duwur tur ana pembengkakan aparane kae”jere Pak Badri sing melu jagongan nang ngarep mesjid karo
ngisis bar sholat .
“Iya aku sing wis tilik pak kyai, pak kyai malah ora bisa
komunikasi.Ngesuk sing arep tilik jere Pak Nasrowi mbok ana sing arep barenga
kae nganggo Elep”ujare Badrun, guru agama nang SD sing rajin nang mesjid.
Pak Kyai sing diopname nang Rumah Sakit Islam akeh sing
tilik, ora mung warga desa ningen ya sekang ngendi ora pada teka maring rumah
sakit.
“Kiye jane bapak ana sing dipenggalih apa ya Mat” ujare
Mbak Siwi putrine pak kyai sing manggon nang
Purwokerto wiwit kawin karo kanca kuliaeh.
“Nggih pangapunten niku mbak”ujare rahmat nalika lagi
nunggu nang rumah sakit karo putrine pak kyai.Rahmat jane ngerti bab sandal
kuwe, tapi tumrape rahmat, kuwe urusane pak kyai sing ora angger uwong kudu
ngerti termasuk putrine.Rhmat sing awit bocah melu pak kyai,kudu pinter- pinter
njaga apa sing disenengi lan ora disenengi pak klyai. semana ugo dong ibune
esih sugeng, kudu njaga pisan apa sing dedweke ngerti.
“Nek mung kelangan sandal,bapak ya ora kaya kuwe lah Mat,
nganti tensine duwur tur ora gelem dahar nagnti ana penyakit lambung lan
sepanunggale kaya ngendikane dokter munif”ujare Siwi nerusna
“ Kayane tah ya anu kekeselen niku lah mbak “jere Duryat nggo ngadem-ademi
suasana.
Mbak Siwi temungkul njut ndelengna pak kyai sing esih
sareh, kayong mikir kenangapa bapake geraeh nemen mung merga kelangan sandal.
Ora let suwe dokter karo perawat telu mlebu maring kamar,
Mbak Siwi manjut ngadeg, semana uga Duryat
sing nglemprak nang ngisor.
Mbarang ora suwe dokter ngendikan karo Mbak Siwi, terus
mriksa kondisi pak kyai sing jere lemah, pak dokter ndangu Mbak siwi kon melu
maring ruangan jere ana sing arep diomongna.
Wengi nang mesjid Al Ikhlas karang tunggal suasanane rame bar sholat
traweh wis ngancik dina ping 16.Jamangah digawe kaget mbasa ana kaki Sarno
tukang cukur nang desa karang tunggal
mlebu nggoleti pak kyai.
“Alhamdulillah pak kyai wis sehat apa? Kae sandale wis
ana nang nggone”ujare kaki Sarno.
“Aja guyon mbah lah, wong
rika pada kon ndongakna pak kyai koh”ujare Badrun
“Astaghfirulloh..kiye ngeneh melu inyong” ujare Kaki
Sarno
Wong sing wis pada mlebu mesjid njut gegoh krungu kaki
Sarno karo Tohir ngomongi sandal kyai Kodri.Sebagian pada melu metu ngetutna
kaki Sarno.
“Kuwe mbok sandale pak kyai?bener apa dudu ya”ujare kaki
Sarno
“Ih..iya deneng”ujare Badrun ora percaya karo ngemek lan
ngileng-ngileng sandale kyai sing ana nang panggonane.
Rusman,Dakim, sing sok ngepel mesjid sing apal sandale
kyai diundang kon nggenahna apa bener kuwe sandale pak kyai.Kabeh pada gumun,
mulane bar sholat kabeh pada metu maning nyekseni sandale pakl kyai sing wis
bali.Embuh sapa sing nggawa tapi kenyataane sandale esih wutuh tur bali nang
panggonan sing pak kyai biasa ngesokna
sandal kuwe.
Wengi kuwe kabeh ribut ,pak RW Darsan ngumpulna
perangkate lan pengurus mesjid.
“Niki kepripun pak Badrun cobi mbok gadah pemikiran sing
sae, njenengan saged ngabari Rahmat
.Napa bade tek rumah sakit napa kepripun” ujare pak RW
“Saene si nuwun sewu pak RW, Pak Badrun, niki di teraken
teng rumah sakit mawon mawon sandale men
kelipur atine pak kyai” ujare Rasam
“Mangke riyin pak, kula krungune pak kyai mboten saged
diganggu, dados saenipun ngabari rahmat mawon”
‘Jajal kula tek telpon Duryat”ujare Badrun
Gole pada musyawarah bab sandale pak kyai nang mesjid
antarane pak RW,RT karo pengurus majid lan jemangah liyane madan suwe, nganti akhire pak RW ngutus pak
guru Badrun kon telpon Duryar kepriwer
apike.
Sekang hasil telpon-telponan karo Duryat Badrun matur
karo pak Badri nek miturut Duryat sandale ora usah digawa maring rumah sakit
mergane kondisine pak Kyai lagi kurang apik.Malah keprungu pak kyai lagi
ditangani khusus nang dokter mergane ana sesek napas.Putra putrine karo mantune
wis pada nunggoni pak kyai awit dokter wis dangu karo Mba Siwi nek pak kyai
butuh perawatan khusus.
Akeh wong pada ngumpul nang plataran mesjid, bocah-bocah
pada melu bae rame ngabarna sandale kyai
bali maring mesjid.Critabe dadi
dawa pisan, nganti tukang ojek Kasdi sing nang pinggir dalan krungu nek sandale
kyai ketemu .Critane tambah aneh merga ketambah-tambah ketok tular.Ana sing
jere ana sing ora seneng karo pak kyai
dadi ngumpetna sandal,ana sing ngomong jere sandale bali digawa malaikat lan
dadi fitnah.
“Lah niki mpun kebablasan pak RW, miki mpun wonten
isu-isu sing mboten genah”
“Nggih niku pak guru, kudu cepet diantisipasi mbok dadi
kedawan crita”ujare pak RW.
Wengi kuwe pak RW karo perangkate .Guru Badrun,lan
pengurus mesjid rapat kilat kaya anggota
dewan kanggo mbahas kepriwe carane men isu bab sandal ora simpang siur tur
ditambah-tambaih sing maraih dadi fitnah.Pak Badri sing paling tua dijak
rembugan nang pak RW, kanggo nemokna cara men urusan sandal ora
ngalor-ngidul.Musyawarah mutusna
ngumpulaken jamaah lan warga gonggomane mesjid.Sawetara berita geraeh
pak kyai tambah ndadekna Pak badri,Pak
RW,Badrun lan sapa bae tambah prihatin.
“ Sedertek-sederek, kula nyuwun kanti sanget bab sandale
pak Kayai Kodri sing mpun kepanggih ampun ditambah-tambah.Mbok gawe dosa
nggih”ujare Pak Badri nganggo corong , njaluk jemangah lan warga kon ngati-ati
gole pada nyebar isu.Pak RW,RT lan perangkat uga takmir mesjid lungguh nang
deret ngarep kaya anggota pemerintahan
nek lagi wara-wara maring wargane.
“Sandale pak kyai niku mesti wonten sing mendet ora
sengaja, arep mbalekna wedi nggih saged,isin utawa pancen mboten ngerti.Nah
seniki mangga kita bersyukur sandale Pak Kyai Tohar mpun wangsul
malih.Moga-moga saged nglipur penggalieh pak kyai”
Ucapane pak Badri dijawab nggih kabeh sing teka lan
kumpul nang mesjid.
“Seniki sing penting panjenengan sedaya tumur ndongakna
pak kyai, men enggal sehat nggih”
Sepisan maning dijawab NGGIH kaya koor rame pisan.
Bar kumpulan rampung,suara kaya laron pating gremeng pada ngomongi
sandal maning, mbuh apa sing diomonganken siji lan sijine,mung ketara nek kabeh
warga esih seneng ngomongi sandal pak kyai.
Urung pada bubar gole pada grumbulan nang mesjid, ana
suara motor banter sing keprungu tekan
mesjid.Sing nganggo motor karo ngonikna klakson tat tit tat tit kayong penting
pisan.Motor saya suwe saya nyedek mesjid kabeh wong nggatekna mlebune motor
maring plataran mesjid.Mbarang wis cedek, jebul sing numpak motor Sarkim
boncengan karo Asnawi.Bar markir motor, wong loro sing gole teka bada budu mau
terus nggoleti Pak Badri sing esih ngadeg karo pak RW nang njero mesjid lagi
kandahan.
Wong loro kayong kesusu tur raine kaya wong bingung.
“ Pak Badri..Pak RW..nyuwun sewu niki wonten kabar
lelayu....anu”
Ucapane Asnawi mandeg mergane Asnawi gemeter nahan
nangis.
“Ana apa Wi....kabar apa”Badrun takon karo nyekel pundake
Asnawi.
“Pak....Pak Kyai..sampun seda” ujare Sarkim nerusna
omongane Asnawi sing kebanjur mingsek-mingsek.
Kontan wong sing krungu ngucap Innalillahi wa inna ilaihi
rojiun.
geger sandal, ganti gegeran sedane pak kyai sing banget
nglarani ati sapa bae sing kenal pak kyai.Ora mung jemaah masjid,kabeh wong
sing wis tau kenal lan srawung pak kyai nangis krungu sedane kyai sing esih
umur 70 taun.Esih seger tur kayong ora tau pak kyai gerah.Wis tau warga krungu
pak kyai gerah seminggu sewise Ibu Nurjanah seda, mergane kekeselen .Pak kyai
sempet mondok nang rumah sakit.
Tapi bar kuwe pak kyai sehat lan bisa srawung maning nang
mesjid lan nang lingkungan.
Wengi kuwe suasana tambah ora karuan nang mesjid uga nang
ndaleme pak kyai.sebagian sesepuh lan warga kampung pada giri-giri mlayu maring
rumah sakit ana sing nganggo mob il ana sing nganggo motor.
Badrun sing bolak balik telpon Duryat ora bisa sambung
lantaran ora diangkat.Wis meh gagat tengah wengi kabar sedane pak kyai wis
resmi seka rumah sakit, wong sengsaya akeh sing teka kang kecamatan lan seka kota pada nyiapna uba
rampe nggo nyambut tekane jizim.Kabeh wong sing takjiah pada kaget mergane pak
kyai ora tau gerah nemen.
Kyai sing terkenal meneng tapi seneng guyon,ora mung
ngerti babakan agama, ningen uga seneng nulis.Mulane ping pira bae pak kyai
diundang nang luar kota kon dadi pembicara mergane bukune sing terkenal TEMBANG KEMBANG KANTIL.Bukune nyritakna wong
wadon ayu sing dadi bojo keloro wong kesohor.Ping kopang-kaping mahasiswa pada
teka ndaleme pak kyai perlu takon perkara buku tulisane pak kyai.
Sing pada takjiah wiwit wong ndesa tekan pejabat awit
mbengi tekan pak kyai wis disarehaken ora mandeg-mandeg.Pengajian terus digelar
nang mesjid nggo ndongakna almarhum kyai sing sederhana tur seneng guyon lan
seneng mlaku-mlaku maring sawah.
Nanging desas desus
geraeh pak kyai ya saya dadi pertakonan nang sapa bae sing pada krungu
nek geraeh dijalar seka ilange sandal kesayangane pak kyai.
“ Nggih niku pak...jalarane gerah wiwit pak kyai kelangan
sandal teng mesjid.Wekdal pak kyai saweg kritis kados sesek napas....wonten
kabar menawi sandale pun wangsul teng mesjid.Niku Mba Siwi gagean ngrisiki pak
kyai ingkang saweg dipun tangani dokter-dokter.mboten dangu lajeng pak kyai
seda”ujare Duryat nyritakaken geraeh karo akhir sedane pak kyai maring petinggi
sing rawuh pas arep dimakamaken.Pak Camat sing ana nang kono ya melu
krungu,kabeh pada bingung lan prihatin karo sedane pak Kyai.
Awan bar rampung pemakaman pak Kyai..putra putrine,
kesepuhan keluarga pak kyai pada kumpul.Nang ruang khusus daleme pak kyai sing
biasane nggo nampa tamu pak kyai sing khusus,awan kuwe dadi kaya ruang sidang
keluarga.Senajan esih suasana prihatin, tapi pancen luwih prihatin maning bab
sandal sing kabare ora bisa kebendung.
Kabeh kesepuhan lan keluarga pak Kyai mung pengin ngerti
alar-alare sandal sing disenengi temenan nang pak kyai.Ora nana liya sing
ngerti bab sandal kayong mung Duryat sing awit cilik ndina-ndina melu pak kyai.
Ana Pak Ahmadi adine pak kyai,ana Mbak Siwi,Mas Sito
kamase Mbak Siwi, ana sedulurane almarhumah bu hajjah Nurjanah sing nang ruang
khusus.
“Duryat, aku njaluk tulung rika nyritakna bab sandale pak
kyai sing senyatane..sebab kiye kabeh sedulur kudu ngerti alar-alare sandal
sing ditresnani pisan,sing dadi jalaran
bapak gerah”
Duryat temungkul,
pikirane mlayu ngendi ora, kemutan kabeh perjalanane karo pak kyai sing
uwis,kemutan bu hajjah sing wis ndisiti.Duryat ora bisa ngetokna suara kejaba
nangis sesenggukan.
Mbak Siwi melu nangis ndeleng kahanan sing pancen urung
bisa dibendung.Kabeh sing rawuh pada meneng, nunggu tangise Duryat mandeg.Tapi
pak Ahmadi mbanjur dawuh
“Anu nyuwun sewu sedulur-sedulur...menopo ,becike dipun
tunda riyin.Niki dereng pas kangge ngertos bab sandalipun almarhum”ujare Ahmadi
kayong ngerti bab sandal kiye mesti ana sing ora perlu wong liya ngerti.
Madan sore,senajan tamu esih ndilir gonta-ganti teka,
Mbak Siwi Mas Sito,karo Pak Ahmadi pamane,mlebu maring kamare kyai karo Duryat sing tujuane Duryat arep crita apa sing
dingerteni bab sandal’ sebab kuwe penting ya penting, ora ya ora.Tapi dadi
penting mergane sandal mau sing njalari almarhum gerah, tur njalari critane
ngalor-ngidul.
“Kados niki Pak Ahmadi,Mbak Siwi,Mas Sito , kulo ngertos
sandal niku.Pertama bapak ngagem nggih kulo ngertos.Almarhumah Ibu Hajjah ugi
jan-jane gumun, sampun katah sandal ingkang ditumbas kagem bapak, nanging katah
ingkang ngaggur.Tapi wiwit dipun tumbasaken sandal meniko, bapak mboten nate
gantos,nganti tindak teng kabupaten kepanggih pak Bupati mawon ngangge sandal
meniko”
“Lha iya kuwe Mas kaji seneng pisan si kepriwe maring sandal
kuwe”jere pak Ahmadi takon.
Duryat temungkul banjur tarik nafas nerusna critane.
“ Wonten sejarah sing jane wigati.Wekdal buku pak kyai
medal lan terkenal, katah penggemar-penggemar ingkang remen.Katah mahasiswa
mahasiswi, santriwan santriwati sami taken dumateng kyai.Menawi saweg wonten
seminar utawi diskusi katah ingkang
taken bab buku meniko.Bapak mboten mangertos nek saking mahasiswi utawi
santriwati nggih katah sing nge fans ngaten lah.”
“ O Kaya kuwe..terus priwe Mat”pak Ahmadi takon”
“Wonten mahasiswi ingkang asring telpon pak kyai,utawi
sms,malah almarhum wekdal niku sampun nate taken dateng kulo napa menawi dados tiyang terkenal katah
cobanipun.Mbok menawi wonten ingkang remen kalih pak kyai”.
“Astaghfirullah...wis ora usah ditersna kang”ujare Mbak Siwi,senajan jan-jane mbak
Siwi esih pengin krungu critane.
“ ya ora papah Dik..men kang Duryat crita disit” ujare
Mas Sito
“ Nggih nyuwun sewu kulo lajengaken.....sawetawis
manahipun pak kyai saweg ngaler ngidul...pak kyai ngantos mboten wantun medal
saking ndusun...mboten purun rawuh teng acara-acara senajan wonten undangan,
wedos menawi manahipun ewah saking
pujian-pujian..Wekdal niku , almarhumah numbasaken sandal meniko.Bapak kados
angsal penerang saking Gusti Allah, menawi ibu taksih sayang sanget dateng
Bapak...taksih tresna dumateng bapak”
“Alhamdulillah..dadi
kaya kuwe critane..aku ora nate krungu.almarhum ibu ya ora pirsa ya
kang?i bar kuwe bapak ora tau ganti sandal
kang”
“ Nggih mbak..kados ngaten critane sing kulo ngertos”
ujare Duryat
“ Bibar niku bapak mboten wantun telpon-telpon bab buku
kalian sinten kemawon.”ujare Duryat mungkasi.
Mbak Siwi ngunjal napas dawa....pikirane esih kegawa
critane Duryat.
Sawetara esih akeh pentakjiah sing mlebu metu ndaleme pak
kyai.
Mbak Siwi ngadeg njut nyedeki meja sing ana sandale pak
kyai...bar diingleng-ingleng, sandal kuwe dilebokna lemari sing ana rak sandal,
dijejeraken karo sandale almarhumah Bu Hajjah Nurjanah.Luh netes seka matane
Siwi putri tunggal pak Kaji Kodri karo bu Hajjah Nurjannah.Suwe anggone nyekel sandal
romo biyunge...
purwokerto 2025
Penulis: Istianto
Editor: Ismer
Copyright ©2025 Suara Purwokerto. All Rights Reserved
Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX